Senin, 17 Agustus 2009

wektu pungkasan...






















awan iki,sirah rodo mumet,awak ngreges...tak tekad mlaku-mlaku karo konco-konco
mergo wis ora ono wektu maneh nggo mlaku bareng koyo ngene,
kabeh kenangan tak simpen neng njero otakku ...
naliko aku ngliwati pinggir ndalan pantai damuan...terus menyang pantai jerudong ,terus mampir neng j-park.........moto iki ora kuoso mbendung banyu...
sing ora lilo ninggalne kabeh iki
nanging aku mung sakdermo kerjo...yen wis titi wayahe kudu bali
bali menyang asale...
"ibarat kayu ora bakal iso nyanding karo emas....."
najan opo wae sik tak lakoni...mesti keluputan,kekurangan ,,,tetep ono neng awakku...
neng kene aku ketemu tresnoku...yo neng kene aku kelangan tresnoku...
nggo selawase........
aku mung iso ngelus dodo ...
kanthi mbrebes mili luhing moto...
...................................
............
.......................
matur suwun

Sabtu, 15 Agustus 2009

colection religi
















ora ono sing langgeng


ora selawase tangan ini ngrangkul awakmu......

ora selawase awak iki njogo sliramu.....

koyo nafas sing ono ing njero dodo ,siji mlebu siji metu

ora selawase ati iki biso terus ono kanggo kowe....

ora selawase urip iki biso terus ngancani sliramu.....

koyo godong ing wit-witan sing wis garing bakale tumibo neng nglemah

di ganteni karo sing enom....

mulo ayo podo siap-siap golek sangu lungo menyang kelanggengan sakdurunge wayah

kuwi teko,

ojo mung podo pinter-pinteran omong.gede-gedean umuk....

ora selawase manungso urip neng ndonya

ora selawase ...........

pungkasan

dino iki,dino sing pungkasan nggonku makaryo neng perantauan,roso bungah...susah kabeh ak rasakne,najan aku ora sukses koyo konco-kancane,nanging aku bersyukur marang opo sing biso tak nduweni saiki....rejekine manungso urip wis ono sing ngatur,kari usaha lan ndedonga kanthi ikhlas,

Jumat, 07 Agustus 2009

selamat jalan mas willy...(ws.rendra)


'innalillahi wainnaillaihi roji'un"
sekali lagi kita kehilangan seniman,penyair kehidupan...yang syairnya nda akan pernah padam meski jaman bergulir...aku kagum pada syairmu....."selamat jalan mas willy....smoga engkau di terima di sisi ALLAH SWT...amin.

Kamis, 06 Agustus 2009

sugeng dalu...

ono kalane aku ngroso lemes tanpo doyo,jalaran opo sing tak karepne tansah ora keturutan,opo sing tak impekne tansah ilang...kanggo sahabatku sing tak hormati neng adoh kono..tak suwun ojo salah sangka...salah faham...najan ngene kahananku tapi dudu sifatku ngrebut kabagjaning liyan,aku hargai yen saben wong duwe hak nggo nindakne opo wae,yen aku wis kelangan barang sing paling tak tresnani,najan ati ora lilo nanging aku tansah usaha ngekhlasne.....oleh wae kabeh ngarani aku setan,iblis,utowo kewan,nanging koreksi diri luwih utomo kanggoku,welingku"sopo wonge sing kanthi bener-bener tresno marang atining liyan,najan akeh alangan...ojo samar kelangan,yen wis jodo bakale nyawiji"....suwun banget.

Selasa, 04 Agustus 2009

sugeng tindak...mbah surip.....


"innalillahi..wainna illaihi roji'un...........
'awan mau jam 10:oo...indonesia kelangan seniman tuwo sing kondang saknaliko,...mbak surip,,,,sampun sedo......(urip ariyanto)penyanyi lagu "tak gendong" wis di pundut sing KUOSO....aku pribadi seneng karyane mbah surip ,

Minggu, 02 Agustus 2009

kanggo kabeh

dadi wong ki sing prasojo wae ojo keluwihen lan ojo kurang
mundak kabeh iso di toto kanthi pernah
ojo sok rumongso bener yen kowe isih nindakne kesalahan
ojo sok rumongso menang yen howo nafsu ne dewe isih kabur kanginan ora karuan
kabeh sifating urip pernah ngalami kegagalan,nanging kesempatan isih ono kanggo wong sing niat ngapiki opo sing wis gagal kepungkur
kadang gampang ngomong olone liyan,kadang gampang nggoleki salahing liyan,nanging opo wis mesti awak iki wis apik lan bener iso ugo malah kabeh ono neng awak iki

Jumat, 31 Juli 2009

kanggo konco...



"MAWAS DIRI IKU LUWIH BECIK LAN DEWOSO TINIMBANG NGGOLEKI CACATING LIYAN"

was-was

wengi iki,meh jam2:39 parak esok,nanging moto iki durung biso di meremake...kelingan awakmu sing sesok ngayahi tugas ono negoro tonggo...roso abot,sedih...campur ...najan kanyatan iki ora biso di cegah,nanging sejatine ati iki ora lilo...nanging kepiye maneh kuwi kabeh wis dadi tanggung jawabmu..do'aku...mugo lancar nggonmu makaryo...sukses mring prestasine...amin.

Senin, 27 Juli 2009

bungah...

aku nyoba nggayuh harapan sing mung kari cilik sumunare
nanging aku isih durung ngalah marang kahanan iki
aku yakin tresnoku mung kanggo pawongan kuwi
nyatane opo sing tak rasakne mesti kono yo ngrasakne
najan kasar neng lambe,najan tukaran nganti pisahan
nanging ati iki wis kadung dadi siji
ora biso di pisahne klawan opo wae

Jumat, 24 Juli 2009

leren...

wis ben...
kabeh lungo ninggalne aku
kabeh nyalahne aku
kabeh nuduh aku....wis ben tak tompone...
wingi awakmu sms aku koyo ngono
kasar...koyo kowe ora tau kenal aku
nangis ati iki...gelo atiku
wis yen pancene kudu koyo ngene
arep opo maneh...
najan batinku nelongso yo
tak rasakne dewe....

trenyuh...

bubar adus aku lungguh ...
ora kroso eluh iki netes.....netes....tanpo sebab
kelingan maneh opo sing mbok ucapne marang aku
aku ngroso...ora ono apike babar pisan neng ngarepmu...
aku koyo wong sing ino ...ngemis-ngemis...tresno...
ben.....mungkin eluh iki saksi sing pengen ngancani deweku
saiki...

bali kerjo

jam 17.15...
aku bali kerjo koyo biasane,nanging sore iki awakku rasane ora nggenah
sirahku mumet,panas........
arep ngombe obat durung mangan,,,
tak gowo ngglethak..pikiran teko ngendi-ngendi
mikir bab sing ora biso kelakon
sing ora biso keturutan
kabeh dadi siji nambahi puyeng...sirahku
aduuuuuuuu....hhhhhhhh
arep cerito nanging karo sopo
saiki wis ora ono sing gelem ngrungokne sambatku
nelangsaku...
wis........ora dadi opo
tak tompone dewe....

Minggu, 19 Juli 2009

story di rantau











perantauan

wis genep 4thn nggonku ngratau neng paran,neng ngendi -ngendi wae sing jenenge kerjo yo podo wae,arepo di koyo ngopo tetep wae dadi kuli,lan perkengkenan
aku yo pengen koyo liyane biso mbantu marang kebutuhane keluarga sing neng kampung
nanging teko dino iki..............durung ono opo-opo sing biso tak suguhne marang wong tuwo sak kloron,,,,sedih................
sedih rasane pikirku,nelongso rasane atiku....
yen kelingan keadaan keluarga ku sing sarwo kekurangan
bisane mung tansah njagakne.....siji lan sijine
aku pengen berontak,aku pengen mandiri tapi piye kabeh yo keluargaku
kabeh yo dadi tanggung jawabku
aku mung biso ngelus dodo........
yen biso nangis....wis entek luhing moto iki nggo nangisi kabeh...
durung neh masalah,kebutuahan lan lingkungan kerjo
akeh karo cobaan.
aku mung biso ikhlas....nompo kabeh sing ginaris
karo tetep usaha semampuku
ojo kok babakan treso....urip wae sarwo kekurangan..
mulane duwe opo-opo yo mung di rebut liyan sing luwih mampu,lan teko nalare
kadang aku mlaku dewe...nangis motoku...nelongso atiku...
.........................................
nanging aku ora kudu lemah,putus asa,,,,
rejekine wong wis di andum dewe-dewe,mung kari usaha ben kepethuk dalane
opo sing tak duweni saiki tansah tak syukuri....
mung siji gegayuhanku
"pengen urip cukup tapi ora kudu sugih donya"

Sabtu, 18 Juli 2009

reno...

esok iki aku prei esok,tangi turu aku terus nyoba telfon awakmu.....eeehh,di angkat
salam,guyumu .....marai esok iki seneng lan indah...ning ati ku wis ora sronto pengen weruh
kahananmu....aku kangen.....aku pengen mlayu soko kahanan iki...
aku pengen ngomong kabeh sing tak alami neng perantauanku...
seneng lan senep tak rasakne kabeh,luwih -luwih pengalaman ngenani atiku
sing loro lan kuciwo sing banget-banget tak rasakne
aku pengen nyelehne atiku...marang kowe...koyo wingi sing wis tau kelampahan
aku pengen mbaleni koyo mbiyen......
aku wis ora pengen adoh-adoh soko awakmu ...
aku wis ora pengen pisah klawan sliramu....
wis cukup iki wae sing dadi pelajaranku
dewi.........aku pengen ketemu......
sliramu......

Jumat, 17 Juli 2009

ngimpi

esok iki dino sabtu 18 juli 2009,,kaping pindho aku ngimpekne awakmu
atiku bungah nganti kelingan terus,atase 4 th ora ketemu ,nanging gustiALLAH..menehi
tombo .yo soko ngimpi mau bengi,aku dadi ora sabar pengen cepet-cepet ketemu awakmu
opo lan piye kahananmu saiki...naliko mbiyen awakmu lan awakku podo lungane...
atiku loro banget...ora kuwowo nglepasne...lungamu,nanging piye keluarga ora marengne
awake sak kloron dadi siji,nanging saiki gedene tekadku,anteping pikirku wis ora ono maneh
sing tak wedeni....
opo wae kahananmu mengko...aku tansah nrimo kanthi ikhlas tanpo syarat
koyo mbiyen naliko lagi dadian.....ben wong liyo ngomong opo,nanging neng mataku
awakmu tetep utuh,,,,ora ono liyo sing biso nggenteni neng jroning atiku...

ilang tresnane....by didi kempot

tak trimo lelakon iki
yen pancen ngono karepe
tenane ......batinku.......
ora nglilak ake......
ning nyatane kudu koyo ngene
mugo-mugo bener pilihane
wis ilang tresnane.....wis lali piye sumpahe
naliko kae....
ning saiki kok ngene dadine...
tresnamu mung ono lambe......mung ono lambe....
klopo sing tak tandur
limang tahun sing kepungkur
uwis tukul ,godhonge wis dadi janur
janur sing semampir ono ing ngarep omahmu
nanging sing nyanding kowe.....
dudu aku..........

Jumat, 10 Juli 2009

kanggo kowe

sakwise sholat
aku tansah kelingan klepating bayangmu
neng ati ndonga
muga saiki lan sak teruse
awakmu tansah di ayomi jroning aktivitasmu
tansah di lindungi jroning saremu
lan tansah di tuduhne dalan sing becik
kanggo awakmu njangkah nggayuh cita-cita
....
kanthi eluh ku sing tumetes tanpo mandeg
aku terus usaha nglalekne kabeh
sing wis di lakoni aku karo kowe
mergo kabeh kuwi berharga banget neng jroning atiku
nanging gustiALLAH ...duwe rencana sing luwih apik
sakwise keputusan iki kedadean
mugo sak lungaku ...
dadekne uripmu padang ...lego...
enteng...bebas koyo sing mbok karepne...
...pungkasan dongaku...
....
...maafmu tansah tak arep-arep...
nganti aku biso nemokne dalan ku...
lan awakmu sak kloron...mugo langgeng
nganti tumekaning wektu...
...wengi iki ..tak usap eluhku sing pungkasan
najan lambeku kasar,nanging atiku ora biso
ngaleh soko kahanan iki..
...duh GUSTI.....
paringono kekuatan kanggo aku nglalekne
kabeh iki,lan duduhno dalan kareben aku biso sadar
mlaku koyo wingi-wingi...


amin.

aku

pancen aku bodo
pancen aku ora biso mahami
pancen aku egois
..................
nanging aku isih duwe perasaan
aku ora duwe roso arep ninggalne awakmu
aku ora madak-madakne sifat wong siji lan sijine
aku tulus nompo kabeh keadaanmu
najan saben ndino kudu netesne eluh lan ngelus dodo
aku ikhlas....
nanging kabeh kuwi ora cukup
ora cukup.....ora cukup.......
mbiyen dewe....saiki bali dewe maneh...
dino-dino sepi koyo adate
yo....
tak tompo kabeh....
banget suwunku...
marang kabeh pelajaran urip sing mbok ajarne iki

rasaku

soyo suwe nggonku mlaku soyo akeh pengalaman sing gawe wernaning uripku
kadang ati iki iso di gawe seneng banget sing biso lali
kadang ati iki biso di larani koyo di silet lan di siram banyu keras
sak wise aku pisahan karo awakmu,aku biso ngrasakke
opo sing gawe ora biso nglaleake sak solah bawamu
nanging kabeh kuwi wis kliwat,wis kedadean wingi-wingi
saiki mung ono roso gelo.kuciwo...sing ora biso mari nganti tekaning pati
awakmu biso seneng ,awakmu biso hubungan karo liyan najan isih karo aku
ngertio......aku banget gelane neng ati
tresnaku ,rasaku ora biso tak buktekna koyo dene
awakmu sing tansah mbantu kekuranganku
aku tansah kalah.........ora mung katresnan malah neng kenyataan urip
aku tansah kalah.
aku ora biso opo nanggapi perlakuanmu koyo ngene
mergo kahananku sing sarwo terbatas,ugo kabeh bantuanmu biso marai
keadaanmu tansah bener,mung aku biso
ngomong jroning batinku
"sak senenge wong oleh kabagjan ono saknduwure wong sing gelo ,kuciwo
ora bakal langgeng selawase"
GUSTI....moho ngerti opo sing di rencanake.lan sing di tindakne umat manungso
ing alam ndonya.
dongaku,mugo biso oleh kabeh sing mbok karepke
kabeh sing dadi gegayuhanmu
.......aku mung biso ikhlas....
lan netesne eluh sak jroning atiku....

Senin, 06 Juli 2009

dalanku....

sak suwene aku mlaku neng dalan uripku
akeh kedadean sing gawe keadaanku maleh soko cilik dadi gede
soko manja dadi bijak
kadang aku tansah jujur neng kabeh sing tak lakoni nanging kujujuran kuwi mau malah
nglarani atiku,aku usaha pengen jujur opo wae sing tak tindakne
nanging malah gawe uripku sengsoro
macem-macem wong,,ati,,perasaan tak kenali nganti ati malah ono sing pernah
tak taruhne uripku kanggo wong kuwi mau
nanging opo sing tak tompo adoh soko pengarepku
salah-ora faham-egois-pengen menang dewe-....
kabeh di limpahne nyang awakku..tanpo doyo kabeh kuwi mau
kudu tak tompo kanthi ati sing nelongso
moto iki wis ora biso nangis mergo kakean dosa sing kadang aku ora ngerti sebabe
ati iki mung biso ngratapi ,,,nangis,,,,marang opo sing kedadean
aku mung pengen jujur.....
aku mung pengen kabeh sing tindakne bener,.....
ora ngapusi,ora ngrugekne wong liyan
nanging kabeh mau abot...angel....
neng jaman sing serba modern.canggih
tumindak apus-apus wis dadi trend
ngapusi jare umum...
nipu jare style....
aku kadang bingung campur ora percoyo
trus opo gunane sinau lan title sing dhuwur lan pegawean sing mentereng
yen isine ati cuma apus-apus
gawe kuciwaning liyan
mungkin kejahatan neng alam ndonya sing nyoto iki katon gede lan ora ono ampune
nanging mung separoh wong sing ngerti yen neng ndonya internet kejahatan
ngluwihi panasing geni...jerone ngluwihi laut.....
mung koyone angel di buktikne kabeh sing bersangkutan karo internet meergo biso
di hapus utowo di tutup keaktifane
welingku marang konco-konco
sing waspada yen mlebu jroning internet
putih iso dadi ireng...
apik iso dadi elek...
tuwo iso dadi enom...
semono ugo swalike....
luwih becik dadi menungso lumrah uripo jroning alam sing nyoto
ben kabeh yo katon nyoto .

Sabtu, 04 Juli 2009

tresno......

tresno kuwi njogo,ora njaluk,ora nuntut nanging tansah menehi
wong sing nresnani ati paribasan njogo awake dewe
soko kabeh cobaning urip
sakjroning katresnan ono bumbune yoiku cemburu,kangen,lan tukaran
ora ono roso kangen yen ora tau tukaran,sebab soko kabeh mau roso tresno
neng njero dodo biso tambah
dadi roso welas asih sing tan kiniro gedening tandes ati sing paling jero
nanging kudu tansah eling ,tresno ora kudu nduweni
tresno iku iso ugo kudu nglepasne wong sing di tresnani kareben milih
kabagjan atine
malah akehe,tresno malah kudu kelangan...
yo loro,yo serik,...kabeh sing ora nyenengake kudu tinompo nyang awake dewe
nanging ewo semono ati iki kudu di latih kanggo ikhlasne
opo sing pancen ginaris ora kanggo awake dewe
menungso mung sakdermo nglampahi ,biso ngrancang lan ngetung
nanging gustiALLAH...sing nentokne kabeh
yen tresno ngalami kegagalan dudu salahe sopo-sopo ,mesti ono roso dendam,dengki sing
ngombyongi neng ati
nanging kabeh kuwi ora kudu di tanggapi karo sirah panas lan roso benere dewe lan menange dewe
tresno sing gagal kuwi salah sijine coba kanggo pribadi sing luhur
mulo soko kuwi ,biso di jupuk artine lan hikmahe soko kegagalan kuwi mau
wong sing bener-bener ngugemi tresno lan nresnani kanthi ikhlas
ora bakal duwe roso kelanangan senajan wis ora nyanding
nanging tresno iki terus ono lan ora bakal ilang nganti
awak iki di ujurne ngalor
soko pengalaman pribadiku aku nulis iki kabeh
kanggo pengeling-eling yen sing paling indah kuwi dudu sing paling apik
wanito ora kudu endah wernane koyo melati,nanging cukup arum gandane koyo mawar
aku pribadi nulis iki kabeh mergo opo sing wis tak lakoni
menehi dalan ,menehi petunjuk kanggo aku
mlaku neng jagad panguripan kanthi luwih ati-ati
pelajaran sing penting tak tompo sakwise kelangan opo sing paling tak tresnani
sing ono saiki kung ikhlas nompo opo sing kedadean
syukur marang kabeh sing tak nduweni

sewu kutho .penyanyi=didi kempot

sewu kutho
uwis tak liwati
sewu ati
tak lakoni
nanging kabeh podo ra ngerteni
dunungmu neng endi
pirang tahun
anggonku nggolekki
seprene durung biso nemoni
wis tak coba
nglalekake...jenengmu soko atiku
sak tenane aku ora ngapusi
isih tresno sliramu
umpamane
kowe uwes mulyo
lilo...aku lilo...
ya mung siji
dadi panyuwunku
aku pengen ketemu
senajan ...wektu mung sedelo
tak nggo tombo,kangen jroning dodo
senajan sakedeping moto
tak nggo tombo....
kangen jroning dodo...
lagu iki ungkapan atiku sing seprono-seprene nggoleki sebelah atiku sing di ciptakne
kanggo aku,macem-macem kembang wis tak sawang , tak ambet wangine nanging
kabeh akhire layu ora gelem mekar kanggo aku,
nganti saiki sopo pawongan sing tak goleki
durung ketemu......

Jumat, 03 Juli 2009

MAWAS DIRI


sak jroning sepi ,aku tansah nyaring kabeh opo sing wis tak lakoni kepungkur
sedih,seneng,guyu lan tangis
tak lakoni sak jroning lelakonku iki,akeh sifatku sing ego,pengen menange dewe,,,
tanpo tak sadari aku wis ngetokne
oloku marang kabeh wong sing tak kenali
aku rumongso ino....bodo,,,
aku pengen nangis nanging opo cukup kabeh tak tangisi iso mbalik koyo wingi?
saiki ...aku pengen mlaku sing luwih ati-ati
arep tak jogo atiku ,arep tak jogo ragaku
ora bakal kepelut gebyaring bondo sing malah gawe dalan uripku ruwet lan sengsoro
mbiyen aku ngalamun koyo ngopo rasane urip dadi wong sugih bondo?
nanging saiki bareng kabeh kedadean iki tak lakoni
aku dadi salah faham
"dudu bondo ukurane mulyo...
"dudu mlarat ukurane ino......
opo sing tak nduweni saiki bakale tak jogo sing bener-bener,mergo wektu sedetik sing wis keliwat ora bakal mbalik .....aku sing akeh kekurangan mung iso ngarepne isih ono ati sing gelem mahami keadaanku...mergo aku ora kadonyan...mung sak dermo titah lumrah koyo liane.