soyo suwe nggonku mlaku soyo akeh pengalaman sing gawe wernaning uripku
kadang ati iki iso di gawe seneng banget sing biso lali
kadang ati iki biso di larani koyo di silet lan di siram banyu keras
sak wise aku pisahan karo awakmu,aku biso ngrasakke
opo sing gawe ora biso nglaleake sak solah bawamu
nanging kabeh kuwi wis kliwat,wis kedadean wingi-wingi
saiki mung ono roso gelo.kuciwo...sing ora biso mari nganti tekaning pati
awakmu biso seneng ,awakmu biso hubungan karo liyan najan isih karo aku
ngertio......aku banget gelane neng ati
tresnaku ,rasaku ora biso tak buktekna koyo dene
awakmu sing tansah mbantu kekuranganku
aku tansah kalah.........ora mung katresnan malah neng kenyataan urip
aku tansah kalah.
aku ora biso opo nanggapi perlakuanmu koyo ngene
mergo kahananku sing sarwo terbatas,ugo kabeh bantuanmu biso marai
keadaanmu tansah bener,mung aku biso
ngomong jroning batinku
"sak senenge wong oleh kabagjan ono saknduwure wong sing gelo ,kuciwo
ora bakal langgeng selawase"
GUSTI....moho ngerti opo sing di rencanake.lan sing di tindakne umat manungso
ing alam ndonya.
dongaku,mugo biso oleh kabeh sing mbok karepke
kabeh sing dadi gegayuhanmu
.......aku mung biso ikhlas....
lan netesne eluh sak jroning atiku....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar