Senin, 06 Juli 2009

dalanku....

sak suwene aku mlaku neng dalan uripku
akeh kedadean sing gawe keadaanku maleh soko cilik dadi gede
soko manja dadi bijak
kadang aku tansah jujur neng kabeh sing tak lakoni nanging kujujuran kuwi mau malah
nglarani atiku,aku usaha pengen jujur opo wae sing tak tindakne
nanging malah gawe uripku sengsoro
macem-macem wong,,ati,,perasaan tak kenali nganti ati malah ono sing pernah
tak taruhne uripku kanggo wong kuwi mau
nanging opo sing tak tompo adoh soko pengarepku
salah-ora faham-egois-pengen menang dewe-....
kabeh di limpahne nyang awakku..tanpo doyo kabeh kuwi mau
kudu tak tompo kanthi ati sing nelongso
moto iki wis ora biso nangis mergo kakean dosa sing kadang aku ora ngerti sebabe
ati iki mung biso ngratapi ,,,nangis,,,,marang opo sing kedadean
aku mung pengen jujur.....
aku mung pengen kabeh sing tindakne bener,.....
ora ngapusi,ora ngrugekne wong liyan
nanging kabeh mau abot...angel....
neng jaman sing serba modern.canggih
tumindak apus-apus wis dadi trend
ngapusi jare umum...
nipu jare style....
aku kadang bingung campur ora percoyo
trus opo gunane sinau lan title sing dhuwur lan pegawean sing mentereng
yen isine ati cuma apus-apus
gawe kuciwaning liyan
mungkin kejahatan neng alam ndonya sing nyoto iki katon gede lan ora ono ampune
nanging mung separoh wong sing ngerti yen neng ndonya internet kejahatan
ngluwihi panasing geni...jerone ngluwihi laut.....
mung koyone angel di buktikne kabeh sing bersangkutan karo internet meergo biso
di hapus utowo di tutup keaktifane
welingku marang konco-konco
sing waspada yen mlebu jroning internet
putih iso dadi ireng...
apik iso dadi elek...
tuwo iso dadi enom...
semono ugo swalike....
luwih becik dadi menungso lumrah uripo jroning alam sing nyoto
ben kabeh yo katon nyoto .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar