Minggu, 19 Juli 2009

perantauan

wis genep 4thn nggonku ngratau neng paran,neng ngendi -ngendi wae sing jenenge kerjo yo podo wae,arepo di koyo ngopo tetep wae dadi kuli,lan perkengkenan
aku yo pengen koyo liyane biso mbantu marang kebutuhane keluarga sing neng kampung
nanging teko dino iki..............durung ono opo-opo sing biso tak suguhne marang wong tuwo sak kloron,,,,sedih................
sedih rasane pikirku,nelongso rasane atiku....
yen kelingan keadaan keluarga ku sing sarwo kekurangan
bisane mung tansah njagakne.....siji lan sijine
aku pengen berontak,aku pengen mandiri tapi piye kabeh yo keluargaku
kabeh yo dadi tanggung jawabku
aku mung biso ngelus dodo........
yen biso nangis....wis entek luhing moto iki nggo nangisi kabeh...
durung neh masalah,kebutuahan lan lingkungan kerjo
akeh karo cobaan.
aku mung biso ikhlas....nompo kabeh sing ginaris
karo tetep usaha semampuku
ojo kok babakan treso....urip wae sarwo kekurangan..
mulane duwe opo-opo yo mung di rebut liyan sing luwih mampu,lan teko nalare
kadang aku mlaku dewe...nangis motoku...nelongso atiku...
.........................................
nanging aku ora kudu lemah,putus asa,,,,
rejekine wong wis di andum dewe-dewe,mung kari usaha ben kepethuk dalane
opo sing tak duweni saiki tansah tak syukuri....
mung siji gegayuhanku
"pengen urip cukup tapi ora kudu sugih donya"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar