sewu kutho
uwis tak liwati
sewu ati
tak lakoni
nanging kabeh podo ra ngerteni
dunungmu neng endi
pirang tahun
anggonku nggolekki
seprene durung biso nemoni
wis tak coba
nglalekake...jenengmu soko atiku
sak tenane aku ora ngapusi
isih tresno sliramu
umpamane
kowe uwes mulyo
lilo...aku lilo...
ya mung siji
dadi panyuwunku
aku pengen ketemu
senajan ...wektu mung sedelo
tak nggo tombo,kangen jroning dodo
senajan sakedeping moto
tak nggo tombo....
kangen jroning dodo...
lagu iki ungkapan atiku sing seprono-seprene nggoleki sebelah atiku sing di ciptakne
kanggo aku,macem-macem kembang wis tak sawang , tak ambet wangine nanging
kabeh akhire layu ora gelem mekar kanggo aku,
nganti saiki sopo pawongan sing tak goleki
durung ketemu......
Tidak ada komentar:
Posting Komentar