Jumat, 10 Juli 2009

kanggo kowe

sakwise sholat
aku tansah kelingan klepating bayangmu
neng ati ndonga
muga saiki lan sak teruse
awakmu tansah di ayomi jroning aktivitasmu
tansah di lindungi jroning saremu
lan tansah di tuduhne dalan sing becik
kanggo awakmu njangkah nggayuh cita-cita
....
kanthi eluh ku sing tumetes tanpo mandeg
aku terus usaha nglalekne kabeh
sing wis di lakoni aku karo kowe
mergo kabeh kuwi berharga banget neng jroning atiku
nanging gustiALLAH ...duwe rencana sing luwih apik
sakwise keputusan iki kedadean
mugo sak lungaku ...
dadekne uripmu padang ...lego...
enteng...bebas koyo sing mbok karepne...
...pungkasan dongaku...
....
...maafmu tansah tak arep-arep...
nganti aku biso nemokne dalan ku...
lan awakmu sak kloron...mugo langgeng
nganti tumekaning wektu...
...wengi iki ..tak usap eluhku sing pungkasan
najan lambeku kasar,nanging atiku ora biso
ngaleh soko kahanan iki..
...duh GUSTI.....
paringono kekuatan kanggo aku nglalekne
kabeh iki,lan duduhno dalan kareben aku biso sadar
mlaku koyo wingi-wingi...


amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar