Jumat, 03 Juli 2009

MAWAS DIRI


sak jroning sepi ,aku tansah nyaring kabeh opo sing wis tak lakoni kepungkur
sedih,seneng,guyu lan tangis
tak lakoni sak jroning lelakonku iki,akeh sifatku sing ego,pengen menange dewe,,,
tanpo tak sadari aku wis ngetokne
oloku marang kabeh wong sing tak kenali
aku rumongso ino....bodo,,,
aku pengen nangis nanging opo cukup kabeh tak tangisi iso mbalik koyo wingi?
saiki ...aku pengen mlaku sing luwih ati-ati
arep tak jogo atiku ,arep tak jogo ragaku
ora bakal kepelut gebyaring bondo sing malah gawe dalan uripku ruwet lan sengsoro
mbiyen aku ngalamun koyo ngopo rasane urip dadi wong sugih bondo?
nanging saiki bareng kabeh kedadean iki tak lakoni
aku dadi salah faham
"dudu bondo ukurane mulyo...
"dudu mlarat ukurane ino......
opo sing tak nduweni saiki bakale tak jogo sing bener-bener,mergo wektu sedetik sing wis keliwat ora bakal mbalik .....aku sing akeh kekurangan mung iso ngarepne isih ono ati sing gelem mahami keadaanku...mergo aku ora kadonyan...mung sak dermo titah lumrah koyo liane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar