
ora selawase tangan ini ngrangkul awakmu......
ora selawase awak iki njogo sliramu.....
koyo nafas sing ono ing njero dodo ,siji mlebu siji metu
ora selawase ati iki biso terus ono kanggo kowe....
ora selawase urip iki biso terus ngancani sliramu.....
koyo godong ing wit-witan sing wis garing bakale tumibo neng nglemah
di ganteni karo sing enom....
mulo ayo podo siap-siap golek sangu lungo menyang kelanggengan sakdurunge wayah
kuwi teko,
ojo mung podo pinter-pinteran omong.gede-gedean umuk....
ora selawase manungso urip neng ndonya
ora selawase ...........
Tidak ada komentar:
Posting Komentar